"wengi iki ingsun madep
ngawiti murih pekerti
pakertining budi kang fitri...
Sujud ingsun ing ngarsane
dzat kang moho suci...
niyat ingsun
poso posoning ati
ngilangi fitnah
posoning Rogo
ngeker tingkah
ngawiti murih pekerti
pakertining budi kang fitri...
Sujud ingsun ing ngarsane
dzat kang moho suci...
niyat ingsun
poso posoning ati
ngilangi fitnah
posoning Rogo
ngeker tingkah
Sangsoyo dalu hararas ambyor lintang kumedhap....
Titi sonya madyo ratri lumrang gandaning puspita
karengganing pujanira
sang dwijawara hambrengengeng.....
Lir swaraning madu branta
Manungsung sarining kembang....
Titi sonya madyo ratri lumrang gandaning puspita
karengganing pujanira
sang dwijawara hambrengengeng.....
Lir swaraning madu branta
Manungsung sarining kembang....


